Cerita Cekak Malem Siji Sura

Authors

Ngatilah, S.Pd

Synopsis

SPESIFIKASI BUKU

Harga                    : Rp 85.000

Ukuran                  : 14,8 cm x 21 cm 

Jumlah Halaman : 183 hal

Ketebalan Buku  : 1  cm

ISBN                       : 978-623-448-590-5

Deskripsi Buku   : Wonten in kalodhangan menika, sepisan kula ngaturaken maturnuwun dhumateng ibu Ngatilah, S.Pd ingkang sampun purun ngempalaken crita cekak dados buku kanthi irah-irahan “Malem Siji Sura”. Menika isinipun kempalan cerkak anggitanipun ibu Ngatilah, S.Pd ingkang saperangan ageng natih kapacak wonten ing Rubrik Mekar Sari SKH Kedaulatan Rakyat, majalah Djaka Lodang lan sanesipun. Cerita cekak anggitanipun ibu Ngatilah ngemot pitutur tumrap panggesangan saben dintenipun. Bab menika laras kaliyan profesinipun pinangka dwija (guru). Pramila Cerita Cekak Malem Siji Sura menika sae sanget utawi cocog kanggenipun para bapa ibu guru saha masyarakat luas ingkang ambyur wonten ing madyaning bebrayan. Jalaran kanthi maos Malem Siji Sura kita dipun ajak melek dhateng kedadosan ing sakiwa tengen kita. Melek kangge nyumurupi menggah menapa ingkang kedah kita waspadakaken wonten ing bebrayan agung. Salajenginpun Ibu Ngatilah, S.Pd yektos sampun kathah sanget anggitanipun ingkan kapacak wonten in Koran (KR, Harjo, Tribun) saha majalah (Memetri, Mentari, Djaka Lodhang, Guruku, Belik, DKS). Tahun 2008 dados Juara I (Novel) Tingkat Nasional. Tahun 2010 Juara Utama Cerkak Tingkat Nasional. Tahun 2015 Juara II Essay Regional. Cerita Cekak Malam Siji Sura v Wonten ing bab nyerat sastra, ibu Ngatilah saestu sampun kathah pengalamanipun. Wiwit tahun 2016 dumugi 2022 karya sastranipun tansah sasap seleksi lan kalebetaken wonten ing cerkak, essai lan gurit produksi Dinas Kebudayaan Propinsi DIY. Piyambakipun ugi sangkut wonten in Paguyuban Sastra Budaya Jawa (Pasbuja) Kawi Merapi Sleman pinangka sekretaris.

Published

July 26, 2023

Details about the available publication format: Pratinjau Buku

Pratinjau Buku

Physical Dimensions

Details about the available publication format: Beli Buku

Beli Buku

Physical Dimensions